Tuesday, February 16, 2016

PIDATO TANGGAP WARSA


       
          Assalamu alaikum wr wb
          Ingkang kinabekten Kepala SMAN 1 Purworejo
          Ingkang pantes pikantuk sekaring panembrana ketua Komite Sekolah
          Ingkang kinurmatan bapak tuwin ibu guru sumrambah karyawan SMAN 1 Purworejo
          Para kadang wredha mudha siswa SMAN 1 Purworejo ingkang kula tresnani.
         Ingkang rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukakaen puja lan puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti. Inggih awit nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saget pinanggih ing papan punika kanthi bagya, mulya kalis ing rubeda.
         Saklajengipun kula ingkang minangka sulihing panitia, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi- mugi rawuhing panjenengan, saged adamel nges tuwin swasana. Awit saking punika kula ngaturaken agunging panuwun.
         Wonten ing dinten punika sekolah kita SMAN1 Purworejo sampun jangkep 60 warsa. Pramila kula panjenengan ngawontenaken tanggap warsa ingkang kaping 60.
         Mugi- mugi papan pasinaon kita tansah majeng wonten ing bab prestasi , misuwur wonten ing bab kwalitas lan saged ngasilaken bibit- bibit pemimpin ingkang saged migunani nusa bangsa lan agami.
         Mangga kula lan panjenengan sedaya samia tansah mbudidaya amrih saenipun SMAN1 Purworejo punika, boten namung ing bab akademik ananging bab nonakademik ugi.
         Mugi- mugi gusti Allah ngijabahi donga kula panjenengan sedaya.
         Cekap semanten atur kula, mbok bilih anggen kula matur kathah kekiranganipun, kula pribadi nyadhong aguging pangapunten. Matur nuwun.
        
         Wassalamu alaikum wr wb.





NURUL FADILAH/XI A4/23

No comments:

Post a Comment